Rabu, 27 Mei 2009

nglencer nang tanjung kodok

Selasa, rebo tanggal 26 - 27 mei 2009 bocah kelas 9 smp yppi 3 surabaya nglencer menyang tanjung kodok beach resort lamongan ngiras pantes pepisahan karo kanca sakangkatane sebab sedhela maneh dheweke bakal lulus saka smp nurusake sekolah ing tingkat saknduwure, ana sing nerusake menyang sma ana uga sing nerusake menyang smk, mula bocah-bocah pingin due kenangan kang endah bareng kancane nalika ing smp. Kabeh padha seneng banget kanthi urunan Rp 165.000,00 wis nginep ing Tanjung Kodok Beach Resort nikmati kabeh sarana sing ana ing kana, bisa dolanan ing WBL saksenenge sanajan wektu iku ing WBL kahanane rame pengunjunge akeh banget teka saka saindhenging tlatah Jawa Timur padha plesir ing kono utamane bocah sekolah, panggonan parkir kebeg nganti ing dalan-dalan.
Plisir iku minangka kegiatan ngrasakake endahing swasana ing sawijining panggonan sekaligus minangka perjalanan spiritual kang nambahi rasa sugihing batin, jiwa, panca indra lan bisa nambahi wawasan marang keAgungan ciptaan Kang Maha Kuasa kang sinirat ing lumahing bumi.
Ora krasa nalika wektu mulih menyang Surabaya wis teka, rasane wektu iki cepet banget, slamat jalan anakku, slamat berjuang nggayuh cita-citamu muga-muga Gusti ngijabahi kang dadi kepinginanmu. Amin...!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar